"Selamat Datang di Blog Keroncong Asli " "Salam Keroncong Indonesia ...."

Saturday, February 17, 2018

E N T I T

midering rat angelangut,
ragil kuning angupadi,
mendrane panji asmoro,
kang membo dadi wong tani.
sang dyah ayu trus kasmaran,
anyawang tegalan sabin,
wusnanir sang panji, si entit kang nami,
anenggo tegalan ngider pisan,
ragil kuning ngerti datan ngerti,
mulane yo ndangu si entit kang lagi tunggu,
entit…..
he eh.. kaget aku,
jebul kok kowe toh ragil kuning.. ragil kuning..,
kowe kok ra ketot ketok kuwi nyang ngendi toh cah ayu,
aku wes rindu loh cah manis.. cah manis..
sing nandur pari kuwi sopo entit…
ragil kuning, kuwi sing nandur aku cah ayu,
kowe arep poh, yen arep pek en kabeh,
sukur yen gelem kambe aku pisan, pek en aku.
gemong entit, aku mung takon wae kok..
entit…..
waduh mateng aku,
ragil kuning, kowe yen nyeluk jenengku rasane atiku maknyos-maknyos rodo piye.,
koyo wong oleh buntutan kae loh,
sing nandur jagung gede gede kuwi sopo entit…
sing nandur aku yo wuk yo, pek en kabeh yo wuk yo (2x)
angger dijoli
gemong entit, aku mung takon wae kok,
entit…..
opo cah ayu.. opo,
kok pijer nyeluk terus sajak ono roso ki, lo..lo..lo..lo..
sing nandur timun mblenek-mblenek kuwi sopo entit…
hiyo aku cah ayu, pek en kabeh yo wuk yo (2x)
angger dijoli
gemong entit, aku mung takon wae kok
entit…..
aduh yung.. aduh yung.. kowe opo sido gelem tenan toh wuk..
sing nandur kacang dowo dowo kuwi sopo entit…
ah prrt… cerigis, bocah kok cerigis,
dikandani aku ki yo aku,
ora ragil kuning, kowe gelem po rah ngladeni aku,
sak sungkeman wae he..
emoh entit, aku wes ono sing duwe kok..
ah mbok gelem..
ah mboh mo…
ah mung sitik wae kok,
mumpung aku isih gelem loh cah ayu,
yen aku emoh, kojur kowe,
yen kowe emoh, raiku tak deleh nang endi cubo.
yo selehno kono wae toh entit…
opo soal bondo,
yen bondo aku sugih,
opo soal duwit,
yen duwit, duwit ku nganti jamuren kabeh kuwi loh,
yen duwit entek, tuku ngono loh.. ha..ha..ha..
gemong-gemong entit, aku mung takon wae kok

si entit atine rumongso di ece,
nubruk sang putri, diendani,
keno cundrik sekti, babar dadi,, dyan panji.. yo bali.. suko reno sak negari..

No comments:

Post a Comment