"Selamat Datang di Blog Keroncong Asli " "Salam Keroncong Indonesia ...."

Thursday, February 15, 2018

SETYO TUHU

Bawa Dhandhanggula:
Pamitanku nimas sida asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarina lan wengine
Datan ginggang sarambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat
Sida asih tuhu
Pindha mimi lan mintuna
Ayo bareng nimas anetepi wajib
Sido asih bebrayan

Langgam:
Aku kang tansah satuhu 
wit biyen nganti saiki
Bebasane peteng kepapag obor sumunur, antepku

Andhika panganyomanku lahir batinku wus nyata
Mung sajake andhika semune kurang rena
Tandha yekti paseksene rikalane, ngangkat awrat
Mlampah tebih datan lesu, mugi lestariya
Mugyantuk berkahing widhi andhika mung tansah limpat

Panyuwunku setya kula tansah anglam-lami

No comments:

Post a Comment